Minggu, 09 Januari 2011

SABDATAMA

GAMBUH
1.Rasaning tyas kayungyun,
Angayomi lukitaning kalbu,
Gambir wanakalawan hening ing ati,
Kabekta kudu pitutur,
Sumingkiring reh tyas mirong.
2.Den samya amituhu,
Ing sajroning Jaman Kala Bendu,
Yogya samya nyenyuda hardaning ati,
Kang anuntun mring pakewuh,
Uwohing panggawe awon.
3.Ngajapa tyas rahayu,
Ngayomana sasameng tumuwuh,
Wahanane ngendhakke angkara klindhih,
Ngendhangken pakarti dudu,
Dinulu luwar tibeng doh.
4.Beda kang ngaji pumpung,
Nir waspada rubedane tutut,
Kakinthilan manggon anggung atut wuri,
Tyas riwut–ruwet dahuru,
Korup sinerung agoroh.
5.Ilang budayanipun,
Tanpa bayu weyane ngalumpuk,
Sakciptane wardaya ambebayani,
Ubayane nora payu,
Kari ketaman pakewuh,
6.Rong asta wus katekuk,
Kari ura-ura kang pakantuk,
Dandanggula lagu palaran sayekti,
Ngleluri para leluhur,
Abot ing sih swami karo.
7.Galak gangsuling tembung,
Ki Pujangga panggupitanipun,
Rangu-rangu pamanguning reh harjarti;
Tinanggap prana tumambuh,
Katenta nawung prihatos.
8.Wartine para jamhur,
Pamawasing warsita datan wuwus,
Wahanane apan owah angowahi,
Yeku sansaya pakewuh,
Ewuh aya kang linakon.
9.Sidining Kala Bendu,
Saya ndadra hardaning tyas limut,
Nora kena sinirep limpating budi,
Lamun durung mangsanipun,
Malah sumuke angradon.
10.Ing antara sapangu,
Pangungaking kahanan wus mirud,
Morat-marit panguripaning sesame,
Sirna katentremanipun,
Wong udrasa sak-nggon-enggon,
11.Kemat isarat lebur,
Bubar tanpa daya kabarubuh,
Paribasan tidhem tandhaning dumadi,
Begjane ula dahulu,
Cangkem silite anyaplok.
12.Ndhungkari gunung-gunung,
Kang geneng-geneng padha jinugrug,
Parandene tan ana kang nanggulangi,
Wedi kalamun sinembur,
Upase lir wedang umob.
13.Kalonganing kaluwung,
Prabanira kuning abang biru,
Sumurupa iku mung soroting warih,
Wewarahe para Rasul,
Dudu jatining Hyang Manon.
14.Supaya padha emut,
Amawasa benjang jroning tahun,
Windu kuning kono ana wewe putih,
Gegamane tebu wulung,
Arsa angrebaseng wedhon,
15.Rasane wus karasuk,
Kesuk lawan kala mangsanipun,
Kawisesa kawasanira Hyang Widhi,
Cahyaning wahyu tumelung,
Tulus tan kena tinegor.
16.Karkating tyas katuju,
Jibar:jibur adus banyu wayu,
Yuwanane turun-temurun tan enting,
Liyan praja samya sayuk,
Keringan saenggon-enggon.
17.Tatune kabeh tuntum,
Lelarane waluya sadarum,
Tyas prihatin ginantun suka mrepeki,
Wong ngantuk anemu kethuk,
Isirie dinar sabokor.
18.Amung padha tinumpuk
Nora ana rusuh colong jupuk,
Raja kaya cinancangan aneng nyawi,
Tan ana nganggo tinunggu,
Parandene tan cinolong.
19.Diraning durta katut,
Anglakoni ing panggawe runtut,
Tyase katrem kayoman hayuning budi,
Budyarja marjayeng limut,
Amawas pangesthi awon.
20.Ninggal pakarti dudu,
Pradapaning parentah ginugu,
Mring pakaryan saregep tetep nastiti,
Ngisor ndhuwur tyase jumbuh,
Tan ana wahon-winahon.
21.Ngratani sapraja agung,
Keh sarjana sujana ing kewuh,
Nora kewran mring caraka agal alit,
Pulih duk jaman runuhun,
Tyase teteg teguh tanggon.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar