Minggu, 09 Januari 2011

PARIAN

1. Parikan Ringkes (Karmina)
Abang-abang ora legi,
wani nantang ora wani.
Anak dara jare piyik,
seneng nangga ora becik.
anak lutung jare kowe,
mung yen bingung gelem mrene.
Godhong bestru bolong pinggir,
rabi ayu kudu mikir.
Godhong weru sembir pinggir,
ngguya-ngguyu duwe esir.
Jaran kepang mangan pari,
klambi abang manas ati.
Kali Praga mili ngidul,
kabeh kandha ora jebul.
Kembang mawar direntengi,
ati samara neniwasi.
Manuk glathik dibubuti,
rambut brintik merak ati.
Pitik trondhol tanpa jalu,
tembung sengol ngajak padu.
Wadhah lenga gendul kopi,
golek kanca ngati-ati.
Wedang bubuk gula Jawa,
ora mathuk lewa-lewa.
2. Parikan kang dhinapur rong gatra
Kembang adas sedhep gandanira kongas,
tuwas tiwas nglabuhi wong ora welas.
Kembang anggrek rumambat tepining bethek,
nganti tuwek ngelmu iku ora entek.
Kembang blimbing cumeblok pinggiring tawing,
padha eling emuta kabeh piweling.
Kembang bangah thukule adoh ing omah,
bungah-bungah pikantuk pirmaning simbah.
Kembang jengger abang mbranang menger-menger,
kudu omber atine wong lagi ngenger.
Kembang cengkeh ganda arum warna remeh,
waton aneh tumindake nora sareh.
Kembang crème nora temtu kanggo gawe,
Ngame-ame tembunge waton seje.
Kembang dlima tinandur ngubengi wisma,
ati ewa nora antuk sihing rama.
Kembang dhadhap abang mekare sekedhap,
ati ngedhap pratandha uripe nggragap.
Kembang gadhung mathuke cinundhuk gelung,
aja bingung yen dinukan ing Hyang Agung.
Kembang jagung sarine kanggo wong agung,
kumalungkung anggepe kaya tumenggung.
Kembang jeruk amrik gandane tumanduk,
arep entuk tembung manis sarta empuk.
Kembang kweni tuwuh kuning pinggir kali,
lamun wani haywa melang jroning ati.
Kembang lampes nora endah nanging luwes,
tembung pedhes bisa gawe awak apes.
Kembang menur sumebar ing kasur,
tindak jujur rejeki mesti sempulur.
Kembang terong tumiyung kuloning gedhong,
nganti ndomblong ngantu-antu tekaning wong.
Kembang waru asri megare tan dangu,
ayo nggugu ujar piwulange guru.
3. Parikan kang dhinapur patang gatra
Koki tuwa saka Semarang,
tuku apem disuwir-suwir.
Aku iya kowe kok gemang,
nyata gelem ayo dipikir.
Kutha Sala dalane rame,
Sriwedari tengah pernahe.
Aku gela amarga kowe,
angger janji arang nyatane.
Kali Srayu banyune asat,
urang tlaga dawa sapite.
Kowe mau janji martobat,
kena apa ninggal sumpahe.
Manuk glathik muthuli pari,
mabur lima teka sing pitu.
Luwih becik netepi janji,
luwih ala janji sing palsu.
Iwak lele mati kethuthuk,
sandhate pring iratan.
Ngawe-awe sing kalung andhuk,
entenana dalan prapatan.
Uwit jeruk amba godhonge,
wohe mateng dipethik bocah.
Aja umuk yen lagi duwe,
saiki seneng sesuke susah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar