Minggu, 09 Januari 2011

CANGKRIMAN

Cangkriman
Cangkriman yaiku unen-unen kang rinacik ing tembung kang tumata, surasa utawa isine ngemu teges kang dudu dibadhe. Cangkriman uga kasebut ‘badhean’ utawa ‘bedhekan’. Ing sawatara panggonan sok kasebut ‘capean’. Racikaning cangkriman ana kang dhapur ukara lumrah, ana kang sinawung ing tembang. Wujud lan dhapukaning cangkriman kabedakake:
a. cangkriman kang dhapur rerakitaning tembung wancahan.
b. Cangkriman kang dhapur rakitaning ukara kang ngemu surasa irib-iriban utawa pepindhan.
c. Cangkriman kang surasa blenderan utawa teges plesetan.
Tuladhane:
Wiwawite lesbadhonge = uwi dawa wite, tales amba godhonge
Pak bomba, pak lawa, pak piut = tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciyut
Pak oletus = tapak kebo isi lele satus
Nituk lersure = Nini ngantuk diseler susure
Kicak tekan = Kaki macak iket-iketan
Yu mahe rong = yuyu omahe ngerong
Burnas kopen = bubur panas kokopen
Surles penen = susur teles pepenen
Karla ndheren = mbakar tela sumendhe keren
Rang sinyu, muksitu = jurang isi banyu, gumuk isi watu
Itik pertis, ibo perbeng, ijah perlong = tai pitik memper petis, tai kebo memper ambeng, tai gajah memper golong.
Gajah nguntal sangkrah = luweng
Pitik walik saba kebon = nanas
Pitik walik saba amben = kemucing, sulak
Sawah rong kedhok galengane mung sithok = godhong gedhang
Sega sakepel dirubungi tinggi = salak
Ana titah, duwe gulu tanpa sirah. Duwe silit nanging ora tau bebuwang. Sapa kuwi? (gendul)
Ana piranti sabane ing pawon. Bareng ketiban cecak bisa mabur. Apa iku? (kalo)
Ana kewan mapane ing alas. Saben wong mesthi wedi. Bareng digendhong dening manungsa, kewan iku ora medeni maneh, lan ora duwe upas, ora nyakot manungsa. Apa arane kewan iku?
Ing sadhuwuring lawang ana cecak. Yen cecak iku lunga, lawang iku dadi kewan kang bisa mabur. Apa arane kewan iku?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar